tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale(kata asal).
tuladha : adus, tuku, turu,lsp.
B. TEMBUNG ANDAHAN
1. Ater - ater
a. ater - ater anuswara sing awujud : m- , n- , ng-, ny-.
tuladha : m- + bathik = mbatik
n- + tandur = nandur
ng- + gawa = nggawa
ny- + sapu = nyapu
b. Ater - ater tripurusa sing awujud : dak- , ko- , di- .
tuladha : dak- + tulis = mbatik
ko- + gambar = digambar
di- + batin = dibatin
2. Seselan
sing awujud -um , in- , el- , lan - er .
tuladha : - um + guyu = gumuyu
- in + gawa = ginawa
- el + layu = lelayu
-er + kelip = kerelip
3. Panambang
sing awujud i, ake , e, , a , na , ku , mu,lsp.
tuladha : jupuk + - ake = gumuyu
turut + - i = turuti
bapak + - e = bapake
turu + -a = turua
weneh + -na = wenehna
buku + - ku = bukuku
omah + -mu = omahmu
C. TEMBUNG RANGKEP
tembung rangkep yaiku sekabehane tembung sing diwaca kaping pindo, bisa sakabehaning tembung utawi sawanda bae. jinisipun tembung rangkep yaiku :
1. tembung rangkep dwilingga
tembung rangkep dwilingga dibagi dadi 3 yaiku :
a. Dwi lingga padha swara
tuladha : guru - guru , bapak - bapak , omah - omah .
b. dwilingga salin swara
tuladha : mloka mlaku, guya - guyu, wira - wiri.
c. dwi lingga semu
tuladha : ondhe - ondhe, unthir - unthir , andheng - andheng.
2. tembung rangkep dwi purwa
tuladha : jejupuk , dedunung, lelumpuk.
3. tembung rangkep dwiwasana
tuladha : cekakak, cengingis, cengenges, cekikik.
D. TEMBUNG CAMBORAN
tembung camboran yaiku tembung loro utawi luwih sing diangkep dadi siji.
manut tegese tembung camboran bisa kaperang dadi loro yaiku :
1. tembung camboran tunggal
tuladha : semarmendem, nagasari, daramuluk, lsp.
2. tembung camboran wudar
tuladha : gede cilik , buku tulis, gedang goreng, lsp .
Terimakasih :) sangat membantu
BalasHapus